sekuel geng DSD - melu uji nyali







isuk iki aku Nang warkope cak mardi. Biasa dino minggu ndeloki tante-tante lari pagi huehuehue.

"He boy gak melok uji nyali ta ? Jare uji nyali nang suroboyo minggu iki" celetuke cak mardi ambek ngudek kopi.

"Loh mosok iyo se cak ? Jare sopo sampean, ojok ngarang loh yo" jawabku mbek metenteng, soale cak mardi wes terkenal totok akhirat nek omong tok.

"Iyo kok, aku iki maeng di koling pacarku kongkon melok, jarene lumayan loh pap uangnya bisa buat modal nikah, ngunu boy" ngomonge cak mardi mbek bibire pletat pletot nirokno pacare.

Oh telek cak potonganmu, pacaran durung tau ketemu ae atek mbahas nikah, nggeruneng nang jero atiku.

"Tapi nek bener omongane sampean, kiro-kiro nang endi tempate ?" Takonku penasaran.

"Lah iku boy beritae sek absurd, tapi krungu-krungu se nang salah sijie wisma dolly seng digusur wingi. wong daerah kunu gelek ndelok bayangan gede rokokan, trus ambek krungu suoro wong wedok nangis" jawabe cak mardi mbek ekspresi wedi ndudukno nek merinding.

"Lah sampean cerito tok ae wes kebelet ngoyo ngeseng ngunu cak, opo maneh melok uji nyali" aku nyelat.

"Mangkane ta boy, bantuen aku, awakmu mbek arek-arek ae seng melok, aku kan sebagai informan tok, nah engkok isok dibagi hasil, opo maneh mlebu TV seng delok sak indonesia, iki waktue geng DSD ndudokno eksistensie nang dunia, kapan maneh ?" omonge cak mardi wes koyok sales obat kuat, pinter ngobong-ngobongi arek enom seng nafsue gede koyok aku ngene.

"Wes engkok tak smse arek-arek cak"

Tapi onok benere yoan omongane cak mardi, kapan maneh geng DSD go indonesia nek gak saiki, gak kakean cangkem aku langsung ngadakno rapat darurat nang omahe Tom.

"Onok opo se bos, kok tumben rapat dino minggu ngene, ngganggu jadwalku maen golf ae" tom nggeruneng.

"Iyo bos ngganggu ae " pai ambek bams melok-melok nggeruneng

"Oh jancuk Maen golf ndasmu ikua, wong nekeran mbek adek mu ae ngomong golf" aku nyentak tom lan arek2 seng mekitik iku.

"Ngene loh, aku maeng oleh informasi nek uji nyali saiki nak suroboyo. setuju ta nek awak dewe melok uji nyali ?" Takonku nang ngarepe rai ne arek-arek.

"Opo ? Uji nyali ? Oh tidak ..." bam seng terkenal licik e nutupi raine mbek bantal. Gede awake cilik nyaline.

"Loh yo ayo bos" nek pai malah semangat.

"Nah ngene iki seng tak goleki bos, penasaran aku wes suwe pengen mbedil ndiase hantu" nek tom kelebihan semangat.

Nang jero atiku. jancuk gateli tom iki, Lah batine manuk bek e cuk isok dibedel ndiase...

"Yowes yo, ayo saiki daftar sek nang crew e uji nyali, rapat di totop. Tok tok tok" aku mbengok mbek notok palu.

Wes mari daftar nang crew uji nyali, akhire seng lulus tes mek aku ambek tom tok, pai ambek bamz gagal soale pas di tes malah meong meong tok kesurupan setan kuceng, kesurupan kok gak mbois blas cuk.

*****

wes koyok biasae uji nyali, wong gundul iku njelasno tetek bengek e peraturan seng kudu di patuhi, lali paling nek iki suroboyo cuk. Peraturan sekolah ae gelek tak langgar opo maneh peraturane wong gundul ngene hahahhahha. Tapi seng tak getuni lahkok aku gak moco tibake iki uji nyali berpasangan, enak peserta liane pasangane onok wedoke ayu pisan. Lah pasanganku ?  tom seng nggiateli iki. juancuk. 

Pertama mlebu ruangan uji nyali iki ambu wangi nemen. Lampu dipateni, lilin di uripi... wes gak karu-karuan merindingku, tibake lebih medeni pas ngerasakno daripada ndelok nang tipi. Durung-durung ae wes onok suoro cempreng ngorok.

"tom koen krungu suoro a ?" aku takon nang Tom seng lagi tiarap mbek tola tole koyok kebo ketolop.

"krungu bos, iku suoromu jektas takon" Tom njawab mbek masang rai gak due duso.

"lah matamu cuk, maksudku suoro seng aneh, soale aku krungu suoro ngorok" sentakku.

"oh... iyo bos podo, aku yo krungu. Nah iki kesempatane kene bos nembak ndiase setane, pumpung setane sek turu iki" jare tom maneh.

Delokan ta kelakuane Tom iki, ancen asu kan, mosok iyo setan medeni suoro ngorok iku diwarah turu.... Tom gupuh riwa-riwi ndoleki sumber suoro ngorok maeng, aku meneng ae ambek moco al-fatihah bolak-balek. Moro-moro onok suoro maneh seng gak kalah medeni, suoro e petek cilik. Jiangkrik aku langsung mencolot nang pojokan tembok. Opo maneh jare wong tuek,  nek onok suoro pitik cilik iku tondoe kuntilanak teko, nek suoroe adoh berarti kuntilanake nak cidekmu, nek suoroe cidek tondoe kuntilanake sek adoh tekan awakmu. Lah kebetulan iki suoroe samar-samar berarti ? hiiiih.............

Aku ketap-ketip nang pojokan, sikilku lemes rasane mbayangno moro-moro kuntilanak muncul nang ngarepku. Tapi suoro pitik e iku tambah suwe tambah cidek,,, ndilalah Tom teko nggowok pitik anakan. Juancuk ndiase mlengse ancene kok... uji nyali malah nyolong pitike wong Tom iki.

Wes setengah jam-an aku ambek Tom digudo ambek suoro-suoro aneh, seng ngorok, seng nangis, seng guyu. Puncake aku ketok bayangan guede luwemu uwireng ambek nyedot rokok, persis koyok ceritane wong-wong. Tak kucek-kucek mripatku sek tetep ae onok, Tak kucek-kucek maneh sek tetep ae onok. Akhire aku ndolet Tom.

"Tom de...de.... de...loken i...i...ku Tom" aku mbisik nang kupinge Tom ambek ngejer angel ngomong.

"Ya Allah, opo iku bos ?" Tom ngejer pisan.

"setro koyoke Tom, gak salah maneh iki, setan seng koyok genderuwo tapi nyedot rokok" aku njelasno nang Tom seng wes katoke teles, kepoyo.

Moro-moro Tom gak onok suoroe, tibake Tom semapot, asu lagake sadurunge kate nembak ndiase setan, barang di petuki temenan semapot ... jancuk ancen. Aku wes pasrah, Bah diperkosa bah di pek anak aku gak ngurus.

Bayangan iku maeng tambah nyidek, aku kate nggerakno tangan ae wes gak kuat. Dalan siji-sijie apen-apen semapot, gak gerak. Koyoke se bayangan iku wes nang ngarep raiku pas, soale hembusan nafase keroso nang rai ku.

"Loh cinta ta iki maeng tak kiro sopo, lapo cin nang kene ?" Suoro seng gak asing moro-moro nang ngarepku. Alon-alon tak bukak motoku. Samar-samar wajahe Mark Henry muncul nang ngarepku. Tak tamatno maneh ndilalah tibake Tante wisma dolly seng biyen cuk.

Takone pisan gak berbobot blas, bengi-bengi ngene nang omah kosong atek ditakoni e.

"njejek ndiase sampean tante.  yo melu uji nyali lah tante" jawabku setengah sadar.

"loalah tak kiro ape ndolek jajan maneh cin, dolly wes totop" ngomonge ambek lambene pletat pletot koyok biasae.

"ndiasmu tante dolek jajan iku, sampean ta tante seng koyok genderuwo maeng iku ?" takonku langsung.

"leh yok opo se sayang, ayue koyok raisa ngene kok diwarah koyok genderuwo, tak sunat ngepok loh" pancet ae nyeluke, kadang cinta kadang sayang , koyok ayu-ayu o.

"wong-wong loh cint lapo se kok omahku gawe uji nyali barang iku, batine aku setan bek e, ngganggu aku ae" jarene maneh.

lah yok opo gak diarani setan, wong prejengane sampean koyok mark henry gatau adus ngunu e, nang njero atiku.

"yo gaero aku tante, sampean takon kono mbek wong-wong crew tipi iku" jawabku sak onoke, soale gara-gara keweden maeng awaku lemes. terus pandanganku ireng tok.

moro-moro ambu minyak nyong-nyong seng garai aku melek, tibake aku wes nang panggon crew uji nyali,  ruame kiwo tengen crew-crew iku khawatir keadaanku ambek Tom seng semapot ket maeng. mripatku ndoleki tante wisma nang ruangan iku  tapi gak nemukno.

"pak, tau tante gemuk yang bicara sama aku tadi di tempat uji nyali ?" takonku nang salah siji crew. crew iku maeng mek nggodekno ndase. tak takoni crew laine, jawabane podo kabeh, gak ero.

akhire aku penasaran njauk diputerno rekamane aku pas uji nyali maeng. Aku langsung merinding, teko hasil rekaman dadakno ket maeng iku aku ngomong dewe ganok uwong blas nang ngarepku. Tak tamatno ruangane pisan dadakno ancen wes gak karu-karuan gak mungkin nek onok wong seng manggon nang kunu.

Tibake wisma iku ancene wek e tante seng koyok mark hennry iku, jarene pas onok penutupan dolly, tante iku salah sijie penghuni wisma seng gak rela nek dolly ditutup, dadie depresi terus bunuh diri ambek nggorok gulue dewe.

Lah berarti seng ngomong mbek aku maeng ???? .













Comments

  1. kriek, iki sampeyan nulis dewe bang? Ohiyo se, onok nang ndisore iki.Hahaha.. btw iki mbok posting nandi sak durunge?! Keren!

    ReplyDelete
    Replies
    1. :D iyo meneruskan sekuel seng mandeg tahun wingi..... lakok kepikiran nulis maneh.... nang kaskus.

      Delete

Post a Comment