mlaku-mlaku in the TP

Dino iki Geng DSD mlaku2 nak TP, biasa arek enom cuci mata, mergane malming podo gak duwe pacar kabeh.

pas totok TP mencar dewe2, aku ambek tom, pai ambek bam, aslie tom iki wes suwe kepingin dadi tentara, tapi gara2 jek SMA terpaksa mek mbatin tok, dadi yo kopler koyok ngene, kepingine iku yo ketok nek mlaku2 nak mol ngene iki, nek mlaku antara robot ambek wong gak due dengkul, kaku, persis koyok arek SD latian upacara, mboh bayangno dewe.

lah nak TP iku tom njauke nak distro2 seng perlengkapan polisi,angkatan, gayae ae koyok yok yok o, mlebu distro ambek gae kocomoto ireng, batinku jancuk ancen koen tom, koyok terminator gang dolly, gowo bedil2 an pisan, daripada aku isin mending tak jogo jarakku, tom mlaku ngetan aku mlaku ngulon, sampek diarani mbak seng jogo distro kate nyolong.

"tom ojok ngisin2 i cuk, biasa ae nek mlaku"

"lapo se bos, sante ae aku mlaku ngene iki gara2 gowo duwek akeh" tom ngomong ambek pletat pletot.

"diarani nyolong mbek mbak e loh"

"tenang bos, gak gak, engkok nek mbak e nyocot ae tak tukue pisan pose" jambret ancen tom iki atek nuku2 barang, wong duwik hasil korupsi ae gaya.

perasaanku gak enak, wes sakjam an tapi tom mek molak malek kaos tok, gak lidok a wez bener dugaanku tom mek ndelok2 tok, gak tku blas jancuk ancen, kliwas kliwis metu distro koyok gak due duso, mbak e seng njogo raine mecoco ae wez koyok jembatan suramadu.

mari metu distro, aku ambek tom bingung ape nak endi maneh iki, eh ujuk2 onok cewek ayu mlaku ambek tebar pesona, rambute di elus2, dodoe mbledeh, wez madona kw lewat , benik e seng ndukur ilang be.e , celonoe mepet, wes pokoke garai jiwa gantengku metu.

aku ambek tom langsung ae royok an kenalan nak arek wedok iku mau,

"mbak dewean ae ta?" aku sksd ae.

"iyo mas, ngenteni arek gak teko2".

"ehem, dikancani ta mbak? Aku yo dewean iki" aku sok apik karo surian nak ngarepe.

"laiku sopo mas?" mbak e takon ambek nunjuk tom seng sibuk opel2.

oh jancuk lali aku nek nak penggerku jek onok tom.

"hehe iku koncoku mbak, tapi jiwae mari terguncang, dadi yo setengah ngene".

"terguncang ndiasmu bos, ati2 mbak playboy iku" tom moro2 langsung nyaut.

wah nek kesuwen tom iki tambah nyerocos ae, langsung ae tak saut tangane mbak e. Ambek ngomong

"suta mbak"

"dewi" mbak e ngerespon kenalanku.

"bujuki mbak, sutaji lengkape" cuk moro2 tom nyaut maneh.

"loh iyo ta mas? Kok welek ngunu jenenge, ndueso, padahal areke ganteng loh" mbak e ngomong ambek guyu2.

"ganteng nek di delok mbek kayang" tom nyaut maneh.

nang jero atiku jancuk tom ngriwuki wong ganteng nyideki wong ayu.

"hehe iyo mbak aku ancen ganteng, jeneng lengkape sutaji van hauten" wes kadung diduduhno tom yo tak lengkapno pisan wes.

"loh kok sangar ngunu mas jenenge, campur belanda"

"iyo mbak, soale aku bien di jenengno koncone adike mase bapakku, lah wonge iku wong inggris".

"lahkok gak nyambung,opo hubungane mas?"

"lah wong inggris iku maeng seneng wong belanda mbak".

"owh ngono" tom yo gag gelem kalah,kocomotoe dicoplok, suarae di basno trus ngomong,
"tomcat mbak"

"dewi, hah? Tomcat? Hahaha " mbake njawab tapi gak gelem salaman, soale eleng tangane tom mari opel2 maeng.

"iya mbak, kalo tomcat yang disana membuat gatal orang, tapi kalo yang disini cuman menggatalkan hatinya mbak" tom ngerayu karo ngedipno moto.

"ah iso ae mas" mbak e guyu ckikikan.

cuk jancuk tom2, rai koyok kapal selam ae atek nggombali cewek ayu.

"bijuki mbak, tomo jeneng aslie" tak saut pisan, balas dendam aku.

"loh maeng sutaji saiki tomo hahahaha" mbak e tambah guwuyu.

wes kenal ngobrole tambah santai, ngomong ngalor ngidul, njaok nomor hape uwes, , nomer sepatu uwes, alamat umahe uwes, kari jenenge bapake durung takon.

oleh setengah jam an, akhire koncone dewi iku maeng teko, ambek gowo arek cilik. Gede dukur, koyoke tentara.

"udah lama ma?" wonge iku mau takon nak dewi.

"iya dari tadi pah, bosen"
dewi njawab.

papa? Mama? #jleb jiancuk dadakno ngenteni bojoe iku maeng,

"mereka berdua siapa ma?" ambek nyengkrok ngomonge,

"mereka badut pa, yang ngehibur aku tadi"

badut? Gantenge ngene e badut jare, aku wedi bojoe, aku ambek tom wes pasrah, ditembak bojoe yo mati wong loro, tangane tom nyekel tanganku rapet, aku merem, moro2 onok suara "wi, balik dulu ya gue sama suta, kalau ada pesta koling gue ajah" tom pamit gawe bahasa gaul.

jancuuuk wes kuduk ngampleng tom ae ngene iki, hape gantian ambek ibuk e ae atek kongkon ngoling2 barang, wes emboh tom kok gak koncoku ngunu tak uncalno teko lante 3 iki. Tapi gara2 bahasae tom seng nggateli iku maeng aku karo tom selamet gak sido ditembak.

aku karo tom guya guyu, ngenteni bam ambek pai nak tempat awal kene pisah mau.

Comments

  1. dewi wes due bojo to. hahahaha..... gak bakat dadi playboy

    ReplyDelete
    Replies
    1. mugo-mugo anak-anak BE mudeng karo tulisan jawa. hahahaa,,
      paling-paling nak ga mudeng komentare "sumpah mas aku gak ngerti" hahaha...
      padahal iki cerita aib

      Delete
  2. emang ya..orang surabaya kalo ngomong selalu pake kata2 "cuk" gitu..
    hahaha. kasian banget..udah susah2 nggoda mbak2 tapi ternyata... ckckckc

    ReplyDelete
  3. Nggak ngerti ngomong apa kamu mas >.<

    ReplyDelete
  4. enngeh,, mas... aku wes ga terlalu paham bahasa jawa...
    tapi aku akui aku salut pyan menjadi pemawirs kebudayaan jawa.

    pertahankan.

    agha elmakruf

    ReplyDelete
  5. koplak cuk,
    makane ojok sok yes.
    sekolah ae durung genep wes pecicilan, wakakaka

    ReplyDelete
  6. Ya ampun, Tip.. Tip..
    Gak ngerti aku apa yang dibaca, gimana mau komen -,-"

    ReplyDelete
  7. aku memang orang jawa, tapi kalo jawanya kayak gitu aku agak gak paham sih
    maaf ya soalnya kalo ditempatku kata2mu itu banyak yg kasar :(
    ceweknya udah punya suami.. papa mama-an hehee

    ReplyDelete
  8. menika panjenengan kok sajake melas banget to mas.
    Pun panjenengan kendat mawon pun mas

    ReplyDelete
  9. Hancukk west kamplengen ae tom ikuw ?? Hahah jeburno nang kali konoloh hahaha

    ReplyDelete
  10. gue beneran gak ngerti apa yg Kak Latif tulis, bisa di translate gak? Kenalin gue Heni *siapa tanya*

    ReplyDelete
  11. aku seneng pisan gayamu anshori...kowe pancen edan tenan..iki jowo mu aliran opo perasaan aku yo ngomong jowo tapi aku kok ono sing ra mudeng ngene yaaa...hahahaha...

    wes kowe karo koncomu podo wae, podo podooooo tittttttttttttt...wekekekeke

    ReplyDelete
    Replies
    1. seneng gayae tok ?? gak seneng wonge ?? yo kecut :D wkakakakak.


      jowo aliran suroboyo mbak, podo gantenge ta ??? :D

      Delete
  12. hahahhaha ncuk guya guyu dewe moco tulisanmu!! Tom iku arek endi? mosok yo sek keturunan siluman tomcat. waakakakakak...

    kapuoook mbak'e wes duwe bojo! hahahaha

    ReplyDelete
  13. sumpah gak ngerti mas latifnya ngomong apa *bingungtingkatdewa* hehe

    ReplyDelete
  14. Bang gue nangis baca postingan lo,, nangis karena gak ngerti elu ngomong apa... -_-"

    ReplyDelete

Post a Comment