GENG DSD ~ ULTAHE SUROBOYO




Tanggal 31 mei yoiki dino dadie suroboyo, suroboyo saiki umure wes 719 tahun, mbuh itungen dewe iku sak piro suwene.

pas ulang taune saiki, pemerintah suroboyo ngadakno mlebu gratis nak tempat wisata seng onok nak suroboyo contohe: kebun binatang suroboyo, THR, kenjeran, ambek dolly, eh dolly ? Gak gak, seng terakhir iku gak katot soale pasti raimu kesenengen.


geng DSD iku cinta ambek suroboyo mangkane melok ngerameno acara2 iku.


*pas isuk2 nak salah siji tempate wong ganteng (umahku)*


"kocomoto siap?"


"siap bos".


"sepeda motor siap?"


"siap bos".


"sempak cadangan siap?".


"siap bos, tapi kiro2 gawe opo yo bos kok gowo2 sempak?".


"digae nutupi raimu. . . . . . .yo digae nek engkok renang nak kandang bajol lah, eh maksudku nak kenjeran".


"oke wes siap daripada sempak nyasar nak rai".


"pai ambek bam yopo tom? Sido melok gak?".


"areke nyusul engkok bos jarene, saiki pai jek mijeti bapake, nek bam jek ngewangi dodol onde2 ibuke".


"yowes budal nek ngunu"


aku ambek tom wes siap budal, pai ambek bam gak melok, opoo gak melok? Wocoen dewe nak ndukur iku cuk jok manja.


tujuan pertama nak kebun binatang suroboyo, tempat seng paleng terkenal pas aku jek TK bien, terakhir aku rene pas aku jek nyusu ibukku ambek suroboyo jek dipimpin tarzan. Lah tempat iki yo terkenal ambek madakno rupoe dewe2.


wes koyok seng disongko, nak KBS ruame pol, wong suroboyo ancen sip nek masalah gratisan, parkir peda ae kudu mboking sek nang tukang parkire, gak kesuwen langsung mencolot mlebu nak KBS.


"bos kiro2 nek renang nak kandang iku, mati gak yo?". Tom takon ambek nduding kandange bajol.


"gak mati kok, paling2 awakmu dadi rujak cingur". Tak jawab sak enak ku.


"nek nak kunu bos, kiro2 dadi opo yo aku?", saiki ndudingi kandang gajah.


"nek nak kunu koen dadi dendeng kering, ambek dadi tempe penyet".


"nek nak kunu bos?", saiki tom nduding kandang ketek.


"nah iku nak kunu koen gak diapak2no, cuman di rabi ae soale awakmu dikiro tunangane".


"matamu bos".


wes yo ngeneiki kebun binatang, akeh kewane, akeh wit e, ambek akeh arek pacarane, tapi seng gak asik yo akeh pisan sampahe, koyoke gak keramut koyok jaman TK ku bien. Tapi gak disongko2 aku nak kunu ketemu tante2 germo seng luemu bien.


"loh tante nak kene".


"loh cintaa yo nak kene".ambek bokonge dimegal megolno.


"gak cinta2 an tante, celuken suta ae aku".


"loalah kok marah se sayank" ambek mripati dikedip2no koyok wong india lagi horny.


ancen mangkelno omong2 an ambek wong siji iki kok, tak uncalno nak kandang kudanil kapok kun.


"mbuh wes tante, lapo nak kene tante?, dolek perawan gae penghuni dolly ta?"


"dolek jodoh paleng bos,hahahaha" tom nyaut.


" ndasmu dolek jodoh cint, jodohku iku justin beber, nak kene yo hang out lah cinta, represing mblenger nak wisma trus".


"hang out iku nak mekkah tante, cek di pek mantu unto, nek nak kene iki jenenge mlaku2".


"mbuh wes cint, atiku loroh ngumung mbek kun cin, nylekit, tak mlaku2 ae, babae cinta". Ambek dadadada manja.


"yoi tante, ati2 mlebu kandang badak engkuk diarani bojoe".


nak njeroh atiku, "tambah aku tante kudu bunuh diri ae nek ngumung ambek sampean".


gak keroso sekelku kemeng muteri KBS, tom yo wes gak kuat koyoke, gak kesuwen aku ambek tom langsung menuju THR, ndah nang THR iki bien terkenal ambek dulinan seng garai nagihi, nek di bandingno ambek jatimpark karo WBL yo ganok opo2e, bien tapie, nek saiki jelas kalah, soale gak tau diramut.


Jarene ibuk, aku lahir nak THR iki, ibuk waktu iku meteng tuek, pas numpak wahana perahu mumbul (saiki sejenis rollercoaster) moro2 aku mbrojol, mbuh bujukan ta temenan ceritoe ibukku iku soale aku gak percoyo, mosok seh arek seganteng aku lahire nak tempat gak elit ngene, nek jareku seh, lahirku iku nak pucuke menara eifel.


mbalek maneh nak mlaku2 ku ambek tom, tom nak kene sueneng mergane onok dermulen, maklum tom bien dulinane telek lentong gak tau dulinan ngene.


"ayo tom, gak mblenger a?".


"sek bos, siji engkas"


"he ndasmu, wes peng 6 koen numpak iku ndeng, siji maneh munggah kaji koen".


gak totok kunu tok, seng jenenge anting2an malah di enjot2 ambek tom.


"tom jancuk, ojok di enjot2 cuk, kene iki nak ketinggian 3000 meter ndukur laut (padahal dukure mek 6 meteran)".


"haha wedi yo bos? Wong endek iki kok bos"


"masio endek, nek lugur teko kene yo bongko cuk".


"enak seh itung2 wong elek kurang 1"


"ndogmua, kembarane ariel ngene e".


nek nak THR teros aku isok2 matek ngadek ngerasakno tingkahe tom seng sak enake udele dewe, akhire mlaku2 iki ditotop renang nak kenjeran ambek tante2 manja, yoiki seng tak senengi akeh cewek2 ayu.


"mbak opo mentul2 iku?" tom ndlodog ndudingi gununge mbak e.


"plak, plak. ." suoro tom kenek tapok.


wes daripada aku kenek tapok pisan, sampek sakmene sek yo, entenono cerito laine teko GENG DSD rek.

Comments