PETUALANGAN GANG DOLLY

Halo bro , jenengku suta, apik kan jenengku? Maklum wong ganteng, aku asli arek suroboyo, umahku daerah gang doly, iyo bro gang doly seng jarene wong2 nnggon gawe njajan, tapi aku yo gak eroh opo maksude.

pada suatu hari aku ambek arek2 luwe, akhire gak kakean cangkem aku ngadakno rapat darurat gawe operasi WLC (weteng luwe cuk), oh yo tak kenalno disek anggota e gengku, aku njabat dadi ketua, pai dadi wakil ketua, tom dadi keamanan, ambek bams dadi tukang bersih2.

nah jenenge gengku iki DSD apik yo? Singkatan teko Doli Selalu Didepan, jenenge iki tak jupuk teko gapuro ngarep gang doli.




mbalek nak operasi WLC iku maeng, gak kalah koyok rapat nak DPR bro, akeh perdebatan sengit, akeh uncal-uncalan kata, wes pokoke sangar.

"tom, koen lak dadi keamanan, iki geng DSD iki luwe kabeh, enake yo opo?" takon ku nak tom.

"muleh ae bos, mangan nak umahe dewe2" jawabe tom karo entenge.

"owh jancuk iyo koen sugeh tom, arek2 iki gak onok panganan nak umahe" aku karo mententeng.

"wes wes yopo nek njajan nak gang doli ae?, kan jarene nak kono akeh jajane, be'e gratis" jarene pai nengai debatku ambek tom.

"yowes yopo rek setuju kabeh ta ambek usulane pai?" aku ngadek ambek nyekel palu.

"iyowes", "iyo manuk iku", "yo" , jawabe arek2 serempak.

"tok tok tok, sidang di totop".

***

DSD akhire njalano operasi WCL, budal nak gang doli seng pertama kali roso penasaran numpuk, kiro2 15 menit mlaku akhire totok ngarepe gang, aku gowo sak, siap2 gae wadah jajan, pai gowo wakol, tom gowo bedel2an be'e onok perampok, bamz gowo sapu digawe nyapu raine arek2.

"bos wes totok iki, mencar tak bareng2 mlakue?" tom takon ambek semangate.

"bareng2 ae cuk, be'e onok jajan langsung digruduk" jawabku semangat pisan.

"yoi lets go guys" nyletuke bams seng sok bahasa inggris padahal raine koyok tugu pahlawan.

aku ambek arek2 mlebu gang terkesima ndelok lampu2 ne kerlap kerlip, oh jancuk apik e batinku, sesesuit akeh cewek e pisan dadakno, wah nggon iki ancen wakeh jajane paleng kok sangar ngene,

"bos, pai ,tom deloken nak akuarium iku akeh ceweke mulus2, ayo milih digowo mule dikenalno ibuk bapak" celetuke bams ambek masang rai polose.

"akuarium ndiasmu bam, iku umah, nek pengen yo gowoen bam" jawabe pai karo celingak celinguk ndeloki cewek2.

"wes wes rek jok cewek tok ae, eleng, misine awak dewe rene maeng golek jajan, soale luwe" tom mbengok ambek metenteng.

"loalah iyo ya, tapi endi jare akeh jajane lahkok gak onok blas ngene" aku njawab karo nada nyesel.

"tenang, nek kene nak njobo tok yo gak ero njero iku akeh jajane ta gak bos" tom nyletuk maneh.

akhire bareng2 mlebu nak salah sijie akuarium iku, ya awoh uayu2 wedoke, seng bams iku mek mlongo tok, aku kuatir ayane moro2 kumat ae, seng pai iku wez kuduk nyrongo ae, nek tom njogo nak ngarepe lawang mbek gowo bedel2ane, lah aku takon nak salah sijie wong nak njero iku mau.

"mbak, nak kene onok jajane ta?" takonku koyok wong gak due duso.

"o ada mas, mami mami ada pelanggan" mbak e bengok2.

ujuk2 metu wong wedok lemu ambek nyekel rokok, suangare wong iki koyok markhenry smackdown bien nang jero atiku.

"silahkan milih, ada diskon untuk hari ini"

"loh apane seng dipilih tante?"

"ya jajan nya lah sayank"

sayang ndiasmu batinku sopo gelem ambek markhendry koyok awakmu tante,
"endi jajane tante?"

"lah ini cinta" ambek nunjuk arek wedok seng gawe rok mini seng wes jejer2 iku maeng,

maeng sayang saiki cinta, kuduk tak tangisi ae wong iki nek nyeluk, loalah jajane iku dadakno cewek2 iku, be'e ae onde2, ote2, ta apem ngunu. Akhire aku metu mbek arek2 teko akuarium.

tak kiro ae akeh jajane lahkok mek onok akuarium isine wong mudo2 tok, operasi WCL geng DSD gagal total, akhire aku karo arek2 kliwas kliwis muleh nggecoli weteng ambek meso2.

mene isuke aku ngopi nak gonne cak mardi, kopi paleng enak sak suroboyo,

"cak arek2 iki maeng gak ketok blas a?"

"gak ketok boy, jek dikeloni ibuke dewe2 paleng" warkop guaul seng nungguk nek nyeluk pelanggane "boy".

"iyo paleng cak".

gak suwe pai sms, isine sms e ngene "bos aku gak isok mrunu, mari digepuki bapak, soale aku ngomong nek teko ndolek jajan nak gang doly, salam gae cak mardi", gak kesuwen tak balesi "ow goblok barek an operasi WLC e di omongno", aku mbek guyu2 mikir pai seng digepuki bapake, hapeku muni maneh, saiki Tom seng sms isine guateli " bos podo ambek pai", lah nek misale pai mau sms e kejegor sumur ngunu berarti tom kejegor pisan, wah paleng bam iki pisan batinku , gak lidok a hapeku muni maneh, isine sms e bam "bos aku gak isok metu, i love u", oh wedos tambahan bam iki atek i love u barang, berarti aku tok iki seng gak diseneni, aku mesam mesem nak warkope cak mardi ambek nyukurno arek2, lah kok moro2 gak suwe krungu jenenge wong ganteng diceluk.

"suta, suta " suarae ibukku teko adohan.

"dalem buk" atiku ndredeg.

"koen wingi nak endi?" ibuk ku mripate mecicil ambek nyincing dastere.

"nak kene ae buk, takono cak mardi a" aku nduempis nak keleke cak mardi.

"iyo ta cak?"

"gak tante, boy wingi gak ketok irunge" cak mardi njawab ambek ngudek kopi.

waduw cak mardi iki gak ngerti kode, aku ngedipno mripat iki diarani aku cinta karo de'e paleng padahal cek kerjasama loh.

"rene suta" ibuk ku mbengok karo tambah dukur nyincing dastere

"enggeh buk".

aku langsung marani daripada ibukku tambah totok udel nyincing dastere, bahaya engkok dirubung wong lanang2.

aku mek isok ampun buk ampun buk tok ndiluk, aku isin di cewer kupingku ambek di ceramahi gara2 aku nak gang dolly, wong2 nak pengger dalan podo ngguyu kabeh ndelok aku gak berdaya di aniaya ibukku.


jancuk cuk

Comments

  1. Bro,blh tuh jd gait in ane jln2 keliling doly

    ReplyDelete
  2. hahahahah emang kamu anak mana bro ?? :D

    ReplyDelete
  3. This comment has been removed by a blog administrator.

    ReplyDelete
  4. ya ampun mass,, sueerrr saya gak mudeng banget dengan bahasa di atas... jadi gak tahu mau nanggapin gimana ,, so sorryy

    ReplyDelete
    Replies
    1. wkakakakakak gapapa kan bukan orang jawa :D

      Delete
  5. Saya orang Batak..
    Ga ngerti juga -,-"

    ReplyDelete
  6. aaaak, translatean bahasa indonesianya dong.. biar aku keturunan jawa tapi nggak bisa bahasa jawa :|

    aku sering denger tuh gang dolly. tempatnya orang itu kan. iya itu..

    ReplyDelete
    Replies
    1. ini meang niatnya pake bahasa suroboyo men :D

      Delete
  7. Sumpah ora ngerti mas >.<
    Kamu ngomong apaan sih, saya cuma taunya gang Dolly doang hahahaha

    ReplyDelete
  8. oalah, gang dolly ki kan gone PSK to lek. arep jajan ora wareg weteng malah wareg dosa.

    ReplyDelete
  9. aku seneng bahasa tulisanmu cok, opo onone, hahaha, tapi hati2 loh mas kalo ada anak kecil yang baca, soale kasar bahasane, tp aku suka :D
    btw, ini kisah nyata apa g?

    ReplyDelete
    Replies
    1. ini kisah imajinasi gue :D . ada sekuelnya kok . hehehehe.

      Delete
  10. Bahasa jowo,.. keprimben,..?? piye..?
    Wah,,.. ora ngerti bro!!
    Panggonan djajan.. djajan opo?—dolly..haha

    ReplyDelete
  11. seng palenk tak seneng teko crito iki onok arek lanang seng sms kon love you..
    iku wes makili jati dirimu cug..kikikikiki

    ReplyDelete

Post a Comment